budaya lan tradisi Indonesia sakpunika dipun patenaken kaliyan bangsa manca

Kala wingi kulo maos blogipun mas Teky Widjaja ingkang nyerat babagan budayanipun Indonesia ingkang dipun akeni lan dipun patenaken kaliyan bongso manca.

Maos babagan punika sedaya Bangsa Indonesia mestinipun inggih mboten seneng lan dadosaken duko.

Hananging kathah bangsa kito ingkang mboten hamengertos babagan punika. Taksih kathah bangso kita ingkang mboten mangertos menawi karyanipun saged dipun patenaken.

Sanajan kados mekaten taksih wonten tiyang ingkang sugih amargi sadean barang kuno kadosto keris lan sakpiturutipun.

Kulo kinten pemerintah lan pemimpin nagari kedahipun luwih hanggatekaken babagan punika. Paling mboten hamaringi pengertian dateng rakyat cilik menawi barang utawi karya cipta lan karya budaya punika saged dipun patenaken lan dados kekayaan Intelektual.


Seratan blog punika inggih kula serat mawi boso inggris wonten ing Indonesian tradition and culture robbing I mova nugraha Indonesia catholic blogger

Kartu PKMS Pemeliharaan Kesehatan Masyarakat Surakarta sip tenan

Kartu PKMS Pemeliharaan Kesehatan Masyarakat Surakarta.

Kartu PKMS punika kertu kagem angsal pelayanan kesehatan “gratis” soko pemerintah kotamadya Surakarta.
Kulo seneng tenan kaliyan pelayanan PKMS punika.
Kalih Minggu kepengker anak kulo panas kaliyan watuk pilek kulo priksahaken wonten Rumah Sakit Pemerintah Daerah Surakarta. Terus dipun paringi obat, ing antawis kalih dinten anak kulo mantun. Kalawingi estri kulo nggih kulo priksahaken ngagem PKMS puniko. Sedaya pelayanan punika “gratis”. Obat kalih dokteripun gratis mboten mbayar.

Damel kertu PKMS punika nggih mboten angel namung cepak photo kaliyan KTP utawi Kk dipun asta dateng Balai Kota ditunggu ½ jam sampun dados.

Nggih wonten pelayanan dokter spesialis sedaya gratis tis…

Menawi panjenengan warga solo mboten sah isin isin ngagem kemawon fasilitas punika gratis..tis..

world heritage cities conference and expo,SIEM festival opo kui


Surakarta, Selasa legi 5 dulkaidah 1941

Pranatomongso kalimo wuku wuye

Minggu kepengker wonten ing kutho solo wonten acara world heritage cities conference and expo kaliyan acara SIEM festival.


Sejatinipun kulo sakjroning warga solo kepingin sanget mirsani exponipin wonten ing puro Mangkunegaran hanaging ngantos acaranipun bubar kulo mboten gadah wekdal kagem mirsani expo lan SIEM festival puniko.


Wonten ing seratan punika kulo namung badhe nyerat punopo kemawon ingkang kulo rasahaken perubahan kawontenan ing sekitar kulo amargi wonten acara punika.
Sakpunika ing kutha Solo bangjo bangjo dipun paringi wektu detikan supados tiyang ingkang mandeg wonten ing bangjo saged mangertos kirang pinten detik lampu puniko ijo punopo abrit.
Wonten malih sakpunika wisata kagem kuliner utawi panganan woten ing gladag ingkang disuguhaken sedaya makanan khas daerah solo.


Kulo namung saged mengarep arep dene acara World heritage cities conference and expo lan SIEM festival punika saged biyantu ekonominipun sedaya warga Solo.

paribasan jowo sinambungan kaliyan internet om Google lan mas Yahoo

Surakarta,Minggu kliwon 13 pasa 1941
Pranotomongso katigo, wuku Julungpujut



Paribasan jawi “sakdowo dowone lurung luwih dowo gurung” ingkang tegesipun kurang luwih tinembungan utawi carito luwih cepet sinebar dateng sinten kemawon.
kekajengan paribasan punika supados mboten seneng “ngrasani” .Amargi carita utawi tinembungan punika menawi sampun dicritaken saged dumugi pundi pundi,saking tiyang satunggal dateng setunggalipun.Punapa malih menawi crita wirangipun rencang sansaya cepet sinebaripun.

Ing jaman modern punika paribasan inkang sinebat wonten ing nginggil taksih asring kita panggihi. Sakpunika kita pundhut saenipun kemawon, kita sinambungaken paribasan punika kaliyan internet.Kita sinambungaken dateng om “Google” kaliyan mas “Yahoo” .

Mas Yahoo kaliyan om Google nggih seneng “ngrasani” punapa kemawon ingkang dipun serat dateng website utawi blog ingkang sampun kathah pamirsanipun lajeng medal wonten ing koco kapisan pikolehanipun. Sansaya malih menawi kathah website utawi blog ingkang nyerat rembagan punika.

Amargi kados mekaten kito kedah ngati ati nyerat wonten ing internet amargi samangke dipun waos tiyang tiyang sakdunia.

Monggo kita nyritahaken ingkang sae sae kemawon.

Maturnuwun

Seratan boso Jawi wonten ing Blog punika

Surokarto, Setu Wage 12 Pasa 1941
Pranotomongso Katigo Wuku Mandhasia


Kulo nuwun

Sampun sakwetawis wekdal kulo mboten nyerat wonten ing blog punika,amargi kuloprakiraken blog punika mboten wonten ingkang maos.Hananging prakiraan kulo mleset.

Ing antawis wulan mei – juni blog punika wonten ing alexa rank taksih antawis 22.000.000 hananging sakpunika blog punika sampun wonten ing urutan antawis 2.000.000 wonten ing alexa rank.Punika mbuktikaken taksih kathah ingkang mbetahaken informasi ngagem boso jawi. Awit sebab punika kulo badhe nyerat malih wonten ing blog punika.

Samangke seratan wonten ing blog punika inggih punapa kemawon ingkang wonten sinambungan kaliyan Surakarta utawi Solo Indonesia lan punapa kemawon ingkang sinambungan kaliyan tatanan jawi.

Mugi mugi seratan kula samangke saged migunani dateng sinten kemawon ingkang maos blog punika.

Maturnuwun

Karnaval dino rebo




karnaval dino rebo tanggal 23 juli 2008


visit the english version


batik neng solo Indonesia


also visit
the english languages version


 regane neng solo $ 5.5
 regane neng solo $ 7.1
 regane neng solo $ 5.5
 regane neng solo $ 4.8
 regane neng solo $ 5.5
 regane neng solo $ 4.8
 regane neng solo $ 4.8
 regane neng solo $ 7.7

sambel pecel panganan jowo


also visit
the english languages version




Bahan bahan:
1. lombok abang 5
2. lombok rawit 7
3. bawang putih 5
4. kencur 3
5. trasi sakcukupe
6. godong jeruk purut sakcukupe
7. asem jowo 5
8. gula jowo ¼ kg
9. uyah/garam sakcukupe
10.kacang cino ½ kg

Coro nggawe
1. Kacang digoreng sangray(sangan).
2. Kacang sing wis digoreng dideplok nganti alus
3. Dicampur bumbu bumbu sing wis dideplok nganti alus

Carane ngaturke
Sambel pecel dicampur banyu sakcukupe


sambal pecel



gamelan musik indonesia


also visit
the english languages version




Gamelan salah sijining music asli jowo

Neng solo saiki wis gampang golek tontonan gamelan

www.businesssolo.com

tari jowo neng mantenan neng solo Indonesia


also visit
the english languages version




Tari Jowo

Iki salah setunggaling obyek pariwisata wonten ing solo hadiningrat. Tarian punika dipun pundut wonten ing acara mantenanipun sederek kawula.

Monggo tindak dating solo supados saged mirsani tarian punika langsung.


www.businesssolo.com

baki rotan,produksi solo Indonesia


also visit
the english languages version




Baki soko rotan nganggo frame soko besi.Ukuran diameter baki bunder : 12 inch diameter baki bintang : 16 inch .
Regane neng solo sekitar : Rp 18000 neng dollar sekitar : $2



www.businesssolo.com

Saiki Batik wis dadi tren


also visit
the English languages version


Saiki batik wis dadi trend.Wingi pas aku neng PGS (pusat grosir solo) nonton nek batik saiki dadi barang sing digoleki.Saben toko neng PGS sing dodolan batik saiki wis ketok laris.

Sejatine yo kudu mengkono wong Indonesia yo kudune bangga nganggo produksi Indonesia.

Saiki batik wis dinggo karo karyawan2 swasta dadi seragam neng kantore.Kabeh pejabat saiki nek tampil ono televisi yo wis podho nganggo batik. Dina iki mau adiku mangkat nyambut gawe nganggo batik.Saiki neng kantore bojoku setiap jumat yowis nganggo seragam batik.

Muga-muga batik yo iso dadi cirine Indonesia ora mung gur dadi trend mode sedelok mengko nek wis ono trend anyar njur bareng ora dikanggohake maneh.


Mova Nugraha
www.businesssolo.com

tembang dolanan


also visit
the English languages version


Wonten ing budaya jawi wonten kathah macemipun tembang utawi sekar.Menawi dipun princi wonten :

1. Tembang dolanan
2. Tembang macapat
3. tembang tengahan
4. tembang gedhe
5. Tembang gendhing

Seratan blog dinten punika badhe maringi gambaran lan maringi conto punapa tembang dolanan punika.

TEMBANG DOLANAN :
Inggih punika tetembangan lare alit alit,dipun tembangaken sesarengan kaliyan kancanipun kapinujon wonten ing dolanan.
Umpaminipun : sluku sluku bathok,cublak cublak suweng,menthok menthok.

lagunipun Sluku-sluku bathok:
sluku sluku bathok
bathoke elak elok
si romo menyang solo
oleh olehe payung motho.
mak jenthit lolobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip goleko duit.

lagunipun cublak cublak suweng :
cublak cublak suweng
suwenge ting gelenter
mambu ketundung gudel
pak empong lera lere
sopo ngguyu ndelikake
sir sir pong dele gosong
sir sir pong dele gosong

lagunipun menthok menthok:
menthok menthok takkandani
mung lakumu megal megol hangisin isini
mbok yo ojo ngetok ono kandang wae
enak enak ngorok ora nyambut gawe



Mugi mugi seratan punika saged maringi gambaran punapa tembang dolanan punika

Monggo tindak dateng solo Indonesia

Mova Nugraha
www.businesssolo.com





www.businesssolo.com

Solo Indonesia lan budaya kekeluargaanipun


also visit
the English languages version


Kala dinten setu kala wingi mantuk saking papan pagawean ban motor kulo gembos.Sanalika kula kaliyan garwa kula mandap lan nuntun sepeda motor kula.Sakjroning kula taksih mados mados tukang tambal ban ingkang paling cerak ngertos ngertos wonten sakgerombolan para mudho ingkang maringi petunjuk dateng pundhi tukang tambal ban paling cedhak.Kula radi kaget amargi kula mboten tanglet dateng poro mudo kalawau nanging para muda kalawau maringi petunjuk dateng kulo.

Dalunipun kulo kaliyan garwa niliki penakan wonten ing griya sakit.wonten ing griya sakit kulo ing radi kaget amargi griya sakit punika kados pasar kathah sanged tiyang ingkang tilik dalu punika.lajeng kula tanglet dateng sedherek kula ingkang wonten griya sakit.Kateranganipun griya sakit punika kados pasar amargi menawi wonten tiyang sakait sakkampung tilik sadaya ngantos nyewa bis.

Punika conto menawi tiyang tiyang solo utawi surakarta punika tata krama lan budaya kekeluargaanipun taksih caket sanged.

Monggo tindak dateng solo Indonesia

Mova Nugraha
www.businesssolo.com





www.businesssolo.com

Solo Indonesia nyuwun sumbangan

Monggo kaliyan dipun pirsani :ENGLISH LANGUAGES VERSION


Sejatosipun kula kepingin sanget,ngedalaken lan nunjukaken budaya jawa ing solo indonesia punika wonten ing website kulo (www.businesssolo.com)

Kulo kepingin sanged budaya jawa saged dipun pirsani tiyang tiyang wonten ing jagad punika.Amrih kaliyan mekaten jagad punika saged ngertos menawi wonten kutho naminipun solo ingkang gadhah budaya ingkang sae.Kadosto bedoyo tarian,wayang,tembang,lan sanes sanesipun.

Namung nanging kulo sakpunika dereng saged ngedalaken video utawi foto amargi kula taksih terbatas alatipun.Kala wingi kula sampun nyobi pados sumbangan nanging ingkang maringi taksih saking offline dereng rencang saking Internet.

Awit sebab punika kula badhe nawaraken sinten kemawon ingkang maringi sumbangan dateng kulo sinten kemawon badhe kulo kirimi file jpeg gambar aksara jawa.

Sakaderengipun kula Maturnuwun menawi wonten ingkang purun nyumbang dateng kula


Mova Nugraha
WWW.BUSINESSSOLO.COM

SOLO INDONESIA LAN AKSORO JOWO

monggo mirsani:Boso inggris

Sakpunika ing kutho Solo sedaya panggenan ingkang ngagem plakat utawi papan asma dipun paringi aksara jowo.Kadosto Balai Kota Solo Papan asma wonten ngajengan ngagem kalih.Akasar alatin kaliyan Akasara Jowo.Tambahan aksara jowo punika kagem nyengkuyung program pariwisatanipun pamarintah daerah Surakarta.

Kula sakjroning salah satunggaling warga Solo ugi tumut bungah kaliyan program punika.Amargi kula kinten program punika saged dados daya tarik kegem wisatawan dateng wonten in Solo.

Nanging kulo kinten upaya punika dereng saged maksimal menawi mboten dipun barengi kaliyan promosi.Kulo nyobi madosi wonten ing google tembung solo indonesia cacahipun 905.000 lan tembung surakarta indonesia punika 314.000 cobi dipun bandingaken kaliya yogyakarta indonesia punika 5.960.000 punapa kudus indonesia punika 1.650.000.

Miturut pemanggih kulo internet sakpunika sarono promosi ingkang paling efektif.Amargi tiyang pundi pundi saged mirsani utawi madosi informasi saking internet punika.Menawi saking internet punika anggenipun promosi taksih kurang kulo kinten upaya pariwisata ndatengaken turis wonten ing solo punika nggih taksih kirang.


Maturnuwun
Mova Nugraha

My Blog List

SPONSORED LISTINGS


please give your donation

Twitter Updates

Related Websites