tembang dolanan


also visit
the English languages version


Wonten ing budaya jawi wonten kathah macemipun tembang utawi sekar.Menawi dipun princi wonten :

1. Tembang dolanan
2. Tembang macapat
3. tembang tengahan
4. tembang gedhe
5. Tembang gendhing

Seratan blog dinten punika badhe maringi gambaran lan maringi conto punapa tembang dolanan punika.

TEMBANG DOLANAN :
Inggih punika tetembangan lare alit alit,dipun tembangaken sesarengan kaliyan kancanipun kapinujon wonten ing dolanan.
Umpaminipun : sluku sluku bathok,cublak cublak suweng,menthok menthok.

lagunipun Sluku-sluku bathok:
sluku sluku bathok
bathoke elak elok
si romo menyang solo
oleh olehe payung motho.
mak jenthit lolobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip goleko duit.

lagunipun cublak cublak suweng :
cublak cublak suweng
suwenge ting gelenter
mambu ketundung gudel
pak empong lera lere
sopo ngguyu ndelikake
sir sir pong dele gosong
sir sir pong dele gosong

lagunipun menthok menthok:
menthok menthok takkandani
mung lakumu megal megol hangisin isini
mbok yo ojo ngetok ono kandang wae
enak enak ngorok ora nyambut gawe



Mugi mugi seratan punika saged maringi gambaran punapa tembang dolanan punika

Monggo tindak dateng solo Indonesia

Mova Nugraha
www.businesssolo.com





www.businesssolo.com

Solo Indonesia lan budaya kekeluargaanipun


also visit
the English languages version


Kala dinten setu kala wingi mantuk saking papan pagawean ban motor kulo gembos.Sanalika kula kaliyan garwa kula mandap lan nuntun sepeda motor kula.Sakjroning kula taksih mados mados tukang tambal ban ingkang paling cerak ngertos ngertos wonten sakgerombolan para mudho ingkang maringi petunjuk dateng pundhi tukang tambal ban paling cedhak.Kula radi kaget amargi kula mboten tanglet dateng poro mudo kalawau nanging para muda kalawau maringi petunjuk dateng kulo.

Dalunipun kulo kaliyan garwa niliki penakan wonten ing griya sakit.wonten ing griya sakit kulo ing radi kaget amargi griya sakit punika kados pasar kathah sanged tiyang ingkang tilik dalu punika.lajeng kula tanglet dateng sedherek kula ingkang wonten griya sakit.Kateranganipun griya sakit punika kados pasar amargi menawi wonten tiyang sakait sakkampung tilik sadaya ngantos nyewa bis.

Punika conto menawi tiyang tiyang solo utawi surakarta punika tata krama lan budaya kekeluargaanipun taksih caket sanged.

Monggo tindak dateng solo Indonesia

Mova Nugraha
www.businesssolo.com





www.businesssolo.com

My Blog List

SPONSORED LISTINGS


please give your donation

Twitter Updates

Related Websites