budaya lan tradisi Indonesia sakpunika dipun patenaken kaliyan bangsa manca

Kala wingi kulo maos blogipun mas Teky Widjaja ingkang nyerat babagan budayanipun Indonesia ingkang dipun akeni lan dipun patenaken kaliyan bongso manca.

Maos babagan punika sedaya Bangsa Indonesia mestinipun inggih mboten seneng lan dadosaken duko.

Hananging kathah bangsa kito ingkang mboten hamengertos babagan punika. Taksih kathah bangso kita ingkang mboten mangertos menawi karyanipun saged dipun patenaken.

Sanajan kados mekaten taksih wonten tiyang ingkang sugih amargi sadean barang kuno kadosto keris lan sakpiturutipun.

Kulo kinten pemerintah lan pemimpin nagari kedahipun luwih hanggatekaken babagan punika. Paling mboten hamaringi pengertian dateng rakyat cilik menawi barang utawi karya cipta lan karya budaya punika saged dipun patenaken lan dados kekayaan Intelektual.


Seratan blog punika inggih kula serat mawi boso inggris wonten ing Indonesian tradition and culture robbing I mova nugraha Indonesia catholic blogger

Kartu PKMS Pemeliharaan Kesehatan Masyarakat Surakarta sip tenan

Kartu PKMS Pemeliharaan Kesehatan Masyarakat Surakarta.

Kartu PKMS punika kertu kagem angsal pelayanan kesehatan “gratis” soko pemerintah kotamadya Surakarta.
Kulo seneng tenan kaliyan pelayanan PKMS punika.
Kalih Minggu kepengker anak kulo panas kaliyan watuk pilek kulo priksahaken wonten Rumah Sakit Pemerintah Daerah Surakarta. Terus dipun paringi obat, ing antawis kalih dinten anak kulo mantun. Kalawingi estri kulo nggih kulo priksahaken ngagem PKMS puniko. Sedaya pelayanan punika “gratis”. Obat kalih dokteripun gratis mboten mbayar.

Damel kertu PKMS punika nggih mboten angel namung cepak photo kaliyan KTP utawi Kk dipun asta dateng Balai Kota ditunggu ½ jam sampun dados.

Nggih wonten pelayanan dokter spesialis sedaya gratis tis…

Menawi panjenengan warga solo mboten sah isin isin ngagem kemawon fasilitas punika gratis..tis..

My Blog List

SPONSORED LISTINGS


please give your donation

Twitter Updates

Related Websites