paribasan jowo sinambungan kaliyan internet om Google lan mas Yahoo

Surakarta,Minggu kliwon 13 pasa 1941
Pranotomongso katigo, wuku Julungpujut



Paribasan jawi “sakdowo dowone lurung luwih dowo gurung” ingkang tegesipun kurang luwih tinembungan utawi carito luwih cepet sinebar dateng sinten kemawon.
kekajengan paribasan punika supados mboten seneng “ngrasani” .Amargi carita utawi tinembungan punika menawi sampun dicritaken saged dumugi pundi pundi,saking tiyang satunggal dateng setunggalipun.Punapa malih menawi crita wirangipun rencang sansaya cepet sinebaripun.

Ing jaman modern punika paribasan inkang sinebat wonten ing nginggil taksih asring kita panggihi. Sakpunika kita pundhut saenipun kemawon, kita sinambungaken paribasan punika kaliyan internet.Kita sinambungaken dateng om “Google” kaliyan mas “Yahoo” .

Mas Yahoo kaliyan om Google nggih seneng “ngrasani” punapa kemawon ingkang dipun serat dateng website utawi blog ingkang sampun kathah pamirsanipun lajeng medal wonten ing koco kapisan pikolehanipun. Sansaya malih menawi kathah website utawi blog ingkang nyerat rembagan punika.

Amargi kados mekaten kito kedah ngati ati nyerat wonten ing internet amargi samangke dipun waos tiyang tiyang sakdunia.

Monggo kita nyritahaken ingkang sae sae kemawon.

Maturnuwun

Seratan boso Jawi wonten ing Blog punika

Surokarto, Setu Wage 12 Pasa 1941
Pranotomongso Katigo Wuku Mandhasia


Kulo nuwun

Sampun sakwetawis wekdal kulo mboten nyerat wonten ing blog punika,amargi kuloprakiraken blog punika mboten wonten ingkang maos.Hananging prakiraan kulo mleset.

Ing antawis wulan mei – juni blog punika wonten ing alexa rank taksih antawis 22.000.000 hananging sakpunika blog punika sampun wonten ing urutan antawis 2.000.000 wonten ing alexa rank.Punika mbuktikaken taksih kathah ingkang mbetahaken informasi ngagem boso jawi. Awit sebab punika kulo badhe nyerat malih wonten ing blog punika.

Samangke seratan wonten ing blog punika inggih punapa kemawon ingkang wonten sinambungan kaliyan Surakarta utawi Solo Indonesia lan punapa kemawon ingkang sinambungan kaliyan tatanan jawi.

Mugi mugi seratan kula samangke saged migunani dateng sinten kemawon ingkang maos blog punika.

Maturnuwun

My Blog List

SPONSORED LISTINGS


please give your donation

Twitter Updates

Related Websites