Solo Indonesia nyuwun sumbangan

Monggo kaliyan dipun pirsani :ENGLISH LANGUAGES VERSION


Sejatosipun kula kepingin sanget,ngedalaken lan nunjukaken budaya jawa ing solo indonesia punika wonten ing website kulo (www.businesssolo.com)

Kulo kepingin sanged budaya jawa saged dipun pirsani tiyang tiyang wonten ing jagad punika.Amrih kaliyan mekaten jagad punika saged ngertos menawi wonten kutho naminipun solo ingkang gadhah budaya ingkang sae.Kadosto bedoyo tarian,wayang,tembang,lan sanes sanesipun.

Namung nanging kulo sakpunika dereng saged ngedalaken video utawi foto amargi kula taksih terbatas alatipun.Kala wingi kula sampun nyobi pados sumbangan nanging ingkang maringi taksih saking offline dereng rencang saking Internet.

Awit sebab punika kula badhe nawaraken sinten kemawon ingkang maringi sumbangan dateng kulo sinten kemawon badhe kulo kirimi file jpeg gambar aksara jawa.

Sakaderengipun kula Maturnuwun menawi wonten ingkang purun nyumbang dateng kula


Mova Nugraha
WWW.BUSINESSSOLO.COM

SOLO INDONESIA LAN AKSORO JOWO

monggo mirsani:Boso inggris

Sakpunika ing kutho Solo sedaya panggenan ingkang ngagem plakat utawi papan asma dipun paringi aksara jowo.Kadosto Balai Kota Solo Papan asma wonten ngajengan ngagem kalih.Akasar alatin kaliyan Akasara Jowo.Tambahan aksara jowo punika kagem nyengkuyung program pariwisatanipun pamarintah daerah Surakarta.

Kula sakjroning salah satunggaling warga Solo ugi tumut bungah kaliyan program punika.Amargi kula kinten program punika saged dados daya tarik kegem wisatawan dateng wonten in Solo.

Nanging kulo kinten upaya punika dereng saged maksimal menawi mboten dipun barengi kaliyan promosi.Kulo nyobi madosi wonten ing google tembung solo indonesia cacahipun 905.000 lan tembung surakarta indonesia punika 314.000 cobi dipun bandingaken kaliya yogyakarta indonesia punika 5.960.000 punapa kudus indonesia punika 1.650.000.

Miturut pemanggih kulo internet sakpunika sarono promosi ingkang paling efektif.Amargi tiyang pundi pundi saged mirsani utawi madosi informasi saking internet punika.Menawi saking internet punika anggenipun promosi taksih kurang kulo kinten upaya pariwisata ndatengaken turis wonten ing solo punika nggih taksih kirang.


Maturnuwun
Mova Nugraha

My Blog List

SPONSORED LISTINGS


please give your donation

Twitter Updates

Related Websites