SOLO INDONESIA LAN AKSORO JOWO

monggo mirsani:Boso inggris

Sakpunika ing kutho Solo sedaya panggenan ingkang ngagem plakat utawi papan asma dipun paringi aksara jowo.Kadosto Balai Kota Solo Papan asma wonten ngajengan ngagem kalih.Akasar alatin kaliyan Akasara Jowo.Tambahan aksara jowo punika kagem nyengkuyung program pariwisatanipun pamarintah daerah Surakarta.

Kula sakjroning salah satunggaling warga Solo ugi tumut bungah kaliyan program punika.Amargi kula kinten program punika saged dados daya tarik kegem wisatawan dateng wonten in Solo.

Nanging kulo kinten upaya punika dereng saged maksimal menawi mboten dipun barengi kaliyan promosi.Kulo nyobi madosi wonten ing google tembung solo indonesia cacahipun 905.000 lan tembung surakarta indonesia punika 314.000 cobi dipun bandingaken kaliya yogyakarta indonesia punika 5.960.000 punapa kudus indonesia punika 1.650.000.

Miturut pemanggih kulo internet sakpunika sarono promosi ingkang paling efektif.Amargi tiyang pundi pundi saged mirsani utawi madosi informasi saking internet punika.Menawi saking internet punika anggenipun promosi taksih kurang kulo kinten upaya pariwisata ndatengaken turis wonten ing solo punika nggih taksih kirang.


Maturnuwun
Mova Nugraha

2 comments:

Belajar SEO Para Pemula said...

piye iki artinya :)

jowi said...

wah kulo kok setuju njih,kalih uneg2 njenengan dateng blog niki, umpami sedanten papan asma lan pengumuman lintu2nipun ndamel aksara jawi, kulo njih tambah remen sanget,amergi ketingalipun saget kados projo thailand ingkang migunaaken aksara siam ing ten pundi2 mawon................ bilih teng solo utawi teng sedanten pualau jawi ndamel aksara jawi, ketingale saget kados projo lintu2 ingkang ndamel aksara sanes aksara latin............ kados projo: cinten,thailan,korea,jepang ingkang sampun di akui kalian tiyang sak ndunyo...... hehehehe.......

Post a Comment

My Blog List

SPONSORED LISTINGS


please give your donation

Twitter Updates

Related Websites